Pandhuan Sembahyang Basa Jawa Kanggo Umat Katolik
Deskripsi
- S E G E R A H A D I R -
Pengarang : Hieronymus Budi Santoso
Rm. Stephanus Istata Raharja, Pr
Tahun Terbit : 2026
ISBN :
206 hlm.; 12x17 cm
Kanthi raos bingah tuwin atur panuwun konjuk
ing Gusti, awit buku Pandhuan Sembahyang
Basa Jawa kanggo umat Katolik saged
kapisungsungaken dhateng sedaya umat kanggé
piranti sembahyang tuwin ngluhuraken Asma
Dalem Gusti. Buku sembahyangan punika mugi
saged menuhi adrenging sakwetawis umat ingkang
ngantu-antu buku sembahyangan basa Jawi. Kejawi
punika, buku Pandhuan Sembahyang Basa Jawa
kanggo umat Katolik saged biyantu para putra
(lare-lare alit) ingkang perlu sinau lan trampil
sembahyang migunakaken basa Jawi.
Babonipun buku punika kapendhet saking Padupan
Kencana tuwin Kidung Adi. Saksampunipun dipun
pilih lajeng kapilah miturut tema. Mbokbilih
sakwetawis umat utawi kepara kathah ingkang
sampun boten kagungan buku Padupan Kencana
lan Kidung Adi. Pramila, mugi-mugi buku punika
saged migunani tumrap sedaya umat.