Deskripsi
.
Pengarang : Alexius Dwi Aryanto, Pr
Tahun Terbit : 2023
ISBN : 978-602-491-415-8
140 hlm; 14,8 x 21 cm
Irah-irahing buku menika: Necep Sabda Dalem, Neges Karsa Dalem, lan Ngemban Dhawuh Dalem, ngemot panglimbang babagan tata cara gesang Katulik adhedasar Kitab Suci, ingkang kaperang dados kalih: Prajanjian Lawas dan Prajanjian Anyar.
Kados ingkang kaserat dening para Bapa Konsili, Kitab Suci kedah dados sumbering gesang kapitadosan kita. Necep ateges kita kedah tansah maos Kitab Suci amrih saged nyumurupi sabda lan karsa Dalem Gusti. Neges ateges kita kedah tansah ngupados lan manggihaken Karsa Dalem Gusti ingkang sinengker ing waosan-waosan wau. Awit menawi kita saged manggihaken Karsa Dalem Gusti, kita gadhah cepengan anggenipun sami nglampahi gesang ing bebrayan agung menika. Salajengipun mingnangka warganing umat ingkang pitados, kita kadhawuhan ngemban dhawuh Dalem. Tumraping tiyang pidados, Karsa Dalem Gusti ugi katampi minangka dhawuh ingkang kedah kaleksanan dan dipun leksanani kanthi manah tulus lan suci. Kados dene emban ingkang mijekaken gesangipun kangge lare utawi bendara ingkang dipunembani, semanten ugi tiyang pitados mijekaken gesangipun amrih Karsa Dalem ingkang sinengker ing waosan Kitab Suci kaleksanan lan kasembadan ing gesangipun piyambak lan ugi sesami ing sakiwa-tengenipun.
Manekawarni panglimbang cekak ingkang kamot ing buku punika kaangkah saged dados sesrepan ingkang neguhaken gesang karohanèn kita. Mugi-mugi sok sintena ingkang maos buku punika ugi saged nglelimbang lan ngudi gesang ingkang selaras kaliyan Karsa Dalem Gusti: Karsa Dalem kalampahana, ing donya kado ing swarga.